Bebasan nunggu mongso rendeng (Bagai pepatah menunggu musim hujan)
Anggonku le ngenteni kowe (Telah kunanti dirimu)
Wes ono sesasi genep dino iki (Sudah ada sebulan, genap hari ini)
Dek yen pancen tresnoku iki (Dik, jika memang cintaku ini)
Mbok anggep ra ono gunane (Kau anggap tak ada gunanya)
Aku ra kuciwo lan aku ra loro (Aku tak akan kecewa dan tidak akan sakit hati)
Dek lungaku ra keget cidro (Dik, pergiku tidak untuk membuatmu terluka)
Aku lagi pengen mikir kerjoaku (Aku sedang ingin memikirkan kerja)
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro (Kuminta kau tak sakit hati)
Dek tresnaku mung siji kowe (Dik, cintaku hanya kamu satu)
Langit bumi kang dadi seksine (Langit bumi jadi saksinya)
Yen neng ati ra ono wanito liyo (Bahwa di hatiku tidak ada wanita lain)
Kowe rasah sok mutusi, aku ra neng endi-endi (Kamu tak usah sok memutuskan, aku tak ke mana-mana)
Aku lungo amung golek rejek (Aku pergi hanya untuk mencari rezeki)
Pangapurane awakku ra tau nyanding sliramu (Maafkan aku tak pernah mendampingimu)
Mergo tuntutan kerjoku nganti ora nduwe wektu (Karena tuntutan pekerjaan, sampai aku tak punya waktu)
Wektu kanggo ngancani ugo ngeterke nyanyi (Waktu untuk menemani juga mengantar nyanyi)
Kowe kudu ngerti lungaku golek rejeki (Kau harus mengerti pergiku untuk cari rezeki)
Dongakno lakuku ngayahi kewajibanku (Doakan upayaku menunaikan kewajiban)
Senajan abot kanggomu nanging kuatno atimu (Meski berat untukmu tapi kuatkan hatimu)
Wes dadi kahanan aku lungo adoh paran (Sudah jadi tugasku pergi jauh)
Ora bakal kelegan nyanding wedokan liyan (Tidak akan lega menyanding wanita lain)
Dek lungaku ra keget cidro (Dik, pergiku tidak untuk membuatmu terluka)
Aku lagi pengen mikir kerjo (Aku sedang ingin memikirkan perkerjaan)
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro (Kuminta kamu jangan tersakiti)
Dek tresnaku mung siji kowe (Dik, cintaku hanya kamu satu)
Langit bumi kang dadi seksine (Langit bumi jadi saksinya)
Yen neng ati ra ono wanito liyo (Jika di hatiku tidak ada wanita lain)
Ojo keloro-loro lungaku ra keget cidro (Jangan tersakiti, pergiku tidak untuk buatmu terluka)
Opo meneh nganti mikir aku wes ora tresno (Apalagi sampai berpikir aku sudah tak cinta)
Yo mung kowe sing tansah ono neng njero dodo (Ya hanya kamu yang selalu ada di dada)
Ra ono trensno liyo mergo aku tansah setio (Tak ada cinta lain karena aku selalu setia)
Kudu percoyo tresnoku iki mung siji kowe (Harus percaya cintaku ini hanya kamu satu)
Wani sumpah mati neng ati ra ono liyane (Berani sumpah mati, di hati tidak ada yang lain)
Janjiku tak buktekke ora mung ono lambe (Janjiku kubuktikan, tidak hanya di bibir)
Tunggunen baliku bebrayan tekane sak lawase (Tunggulah kembali lalu nikah sampai selamanya)
Dek lungaku ra keget cidro (Dik, pergiku tidak untuk membuatmu terluka)
Aku lagi pengen mikir kerjo (Aku sedang ingin mikir pekerjaan)
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro (Kuminta kamu jangan tersakiti)
Dek tresnaku mung siji kowe (Dik, cintaku hanya kamu satu)
Langit bumi kang dadi seksine (Langit bumi jadi saksinya)
Yen neng ati ra ono wanito liyo (Jika di hatiku tidak ada wanita lain)
Kowe rasah sok mutusi, aku ra neng endi-endi (Kamu tak usah sok memutuskan, aku tidak ke mana-mana)
Aku lungo amung golek rejeki (Aku pergi hanya untuk cari rezeki)
Anggonku ngabari yo mung lewat BBM-an (Cara berkabar ya hanya lewat BBM)
Kadang sinyal angel marai dadi penghalang (Kadang sinyal susah membuat jadi penghalang)
Neng yo kudu sabar, ora usah nggo nesunan (Tapi ya harus sabar, tidak usah pakai ngambek)
Mergo trenso kui mestina akeh pacoban (Karena cinta itu selalu banyak cobaan)
Sing tak jaluk kowe ojo nganti ilang roso (Yang kuminta kamu jangan sampai hilang rasa)
Senajan aku kerep gawe gelo lan kuciwo (Meski aku sering membuat sedih dan kecewa)
Jembarno atimu sak jembare laut samudro (Lapangkan hatimu seluas samudera)
Kowe kudu ngerti yen aku iki cah kerjo (Kamu harus mengerti bahwa aku ini pekerja)
Mas yen pancen kuwi karepmu (Mas, jika memang itu keinginanmu)
Aku yo mung tansah biso nunggu (Aku ya hanya bisa menunggu)
Tak kuatne atiku tanpo sliramu (Aku kuatkan hati tanpa kehadiranmu)
Mas nadyan kowe lungo kerjo (Mas, meski kamu pergi kerja)
Sing tak jaluk kowe tetep setio (Yang kupinta kamu tetap setia)
Ojo nganti kegudho wanito liyo (Jangan sampai tergoda wanita lain)
Sabaro aku yo mung cah kerjo (Sabarlah, aku hanya pekerja)